Srengenge esuk nyinari lereng Merapi kanthi anget lan hawa adem kang nyambut para siswa dugi ing sekolah. Nanging ora kaya biasane, para siswa teka ing sekolahan nganggo klambi kang beda ora nganggo seragam sekolah. Kanthi eseman kang sumeh dheweke mlaku kanthi semangat. Dina senin iki, 10 November 2025 para siswa SD lan SMP Kanisius Sumber mengeti Dina Pahlawan. Ing Dina Pahlawan iki para siswa nganggo sandhangan kanthi tema profesi lan pahlawan sing disenengi.
Pengetan Dina Pahlawan dipunwiwiti kanthi upacara bendera ingkang dirawuhi sedaya warga sekolah SD lan SMP Kanisius Sumber. Pembina upacara dina pahlawan inggih menika Ibu Yustina Krisna Mawarni, S.Pd. Ing kalodangan menika para guru, karyawan lan siswa ndherekaken upacara kanthi khusuk lan hikmat. Saksampunipun upacara bendera dipunpungkasi kanthi foto sesarengan lan damel vidieo upacara dina pahlawan 2025.
Sakwise upacara SD lan SMP padha pisah lan nindhakake kagiyatane dhewe – dhewe. SMP Kanisius Sumber ngawontenake saperangan kegiatan kangge mangeti dina pahlawan ingkang didalem OSIS, ingkang minggu kapengker sampun ngawontenakeken rapat kaliyan perwakilan saben kelas kangge ngrembak babagan lomba ingkang badhe dipunlampahi. Kagiyatan menika kangge nglatih para siswa kanggo medharake panemu lan ngrembung gagasan.
Kagiyatan kapisan diwiwiti kanthi nggawe geguritan kanthi tema Dina Pahlawan. Kagiyatan iki dirawuhi kabeh para siswa kelas 7 – 9. Nggawe geguritan iki kanggo nglatih siswa kangge ngandharaken isi ati lan pikiran kanthi basa ingkang endah lumantar geguritan. Sakwise kagiyatan nggawe geguritan, para siswa didhawuhi maca geguritane kang wis digawe. Kagiyatan iki nglatih siswa supaya luwih wani tampil ing ngarep. Sak banjure para siswa ana kagiyatan LCC kanthi materi dina pahlawan. Sakderengipun para siswa sampun diparingi materi ingkang gayut kaliyan soal – soal ingkang badhe kaparengakaken. Lan kagiyatan panutup ing dina pahlawan iki dipungkasi kanthi nonton film tema pahlawan lan didhawuhi njupuk pesen saka film.
Menika rerangkaian kagiyatan ingkang dipunanakaken SMP Kanisius Sumber. Ing kalodangan iki, akeh siswa sing nganggo busana tani. Senajan generasi Z ananging dheweke isih nduweh kepinginan dadi petani, percaya yen dheweke duwe peran penting ing keamanan pangan negara. Dheweke uga pengen nggawe tani minangka profesi sing janjeni liwat inovasi kang luwih apik.