Kawontenanipun lare-lare ing jaman sapunika katingal tansaya tebih saking kabudayanipun piyambak. Kathahing reriptan enggal saking mancanagari ingkang langkung narik kawigatosan lan saestu ageng pangaribawanipun saha kirangipun pangertosan bab piwucal-piwucal luhur, lan sapanunggalanipun ndadosaken para lare kados ical pangertosan luhuring seni tradhisional. Gegayutan kaprihatosan punika, SMP Kanisius Kalasan nggadahi satunggaling pambudidaya ingkang ageng. Pawiyatan punika paring srana kangge ngrembaka’aken bakat lan minatipun siswa ing seni karawitan. Lumantar ekstrakurikuler punika, para siswa kaajab supados langkung caket lan tresna dhumateng kabudayanipun.
Ekstrakurikuler karawitan ing SMP Kanisius Kalasan dadosaken satunggaling kalodhangan ingkang mirunggan. Para siswa saged sinau nabuh gangsa kaliyan guru ingkang winasis babagan seni karawitan, asma pun Bapak Eko Susilo. Kajawi saking punika, para siswa ugi dipun paringi pangertosan babagan piwucal-piwucal luhur ingkang wonten salebetipun seni karawitan.
Seni karawitan ngemu teges ingkang lebet inggih punika sagedipun mujudaken makarya sesarengan utawi gotong royong. Peranganing gangsa ugi ngandhut piwucal, gladhen gangsa lan nguningani watak gangsa tan prabeda kaliyan ambeging manungsa. Kendhang gadhah sipat kados pemimpin, gong sipatipun pinter lan wicaksana kanthi mutusaken. Lan rebab sipatipun anglipur swasana sungkawa lan sakpiturutipun. Pramila, ekstrakurikuler punika saged dados sarana kangge bangun dasar kapribaden, kados dene punapa ingkang dados ancas lan tujuan pawiyatan Kanisius.
Gladhen gangsa pun adani saben dinten Rebo mapan wonten ing Kapanewon Kalasan. Kenging menapa ing Kapanewon, amargi sekolah dereng gadhah piranti gangsa lan awit kamirahanipun Bapak Penewu Kalasan, ingkang paring kawigatosan ageng dumateng lare-lare, gangsa kagungan Kapanewon pareng dipun ginaaken kangge gladhen. Sinaoso kawontenan winates sanget, ananging mboten sekedhik kemawon damel krenteg lare lare anggenipun nindakaken kegiyatan ekstrakurikuler karawitan kendho, kepara ndadosaken gumregahing semangat kanthi gumolonging manah.
Pambudidaya ingkang kados mekaten saged nambahi greget lare-lare anggenipun nguri-uri kabudayan. Semangat lare-lare dados bukti bilih katresnan dhumateng kabudayan saged ngungkuli sedaya winatesipun kawontenan.
Agengipun krenteg punika saestu pikantuk kawigatosan saking sadaya Bapak Ibu para pengemban pangembating praja ingkang wonten Kapanewon Kalasan, linangkung Bapa Penewu. Pramila, awit saking samudaya kasaenan, kamirahan saha panyengkuyung ingkang sampun kaparingaken dumateng lare-lare anggenipun mbudidaya memetri kabudayan Nuswantara mirungganipun budaya Jawi, minangka asmanipun paguyuban lare karawitan sumrambah pawiyatan SMP Kanisius Kalasan hangaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dumateng Bapak Joko Susilo, SP, M.Si minangka Panewu Kalasan tuwin sedaya perangkatipun ugi mboten katalumpen sinten kemawon ingkang mboten saget dipun sebat mbaka setunggal.
Hamemayu hayuning bawana, mugi budaya Jawi tansah lestari.